Minggu, Januari 13, 2008

Ingkang Mboten Saged Nulis Blog Sekedap Kemawon, Nggih...

Tumindak ngangsu kaweruh dumateng ngaYogyokarto, sakmeniko badhe nyiapaken ujian ingkang dipun wulangaken dinten sabtu mbenjing. Tumrap sarehipun mboten keteter plunga-plungo, sakmeniko kulo mboten saged rumaos ngangsu ingkang blogspot meniko, menawi wonten tiang utawi rencang ingkang ngersaaken dolan mlampah-mlampah ingkang pasar kelithikan, utawi dayoh kemawon dumateng kost, utawi malih mung uluk salam dumateng sego kuching lan gudeg mbarek, sakmeniko email kulo siap jejeg jumeneng nampi pesen utawi serat ingkang panjenengan sedoyo aturaken. Mbok bilih wonten kelepatan ingkang kathah kelintu-kelintunipun, kulo ngaturaken samudro pangapunten dumateng panjenengan sedoyo, lan kulo nyuwun pandungonipun sedoyo enggal saged mungkasi ujian kanthi sempurno. Hehehe ...

1 komentar: